Rabu, 19 Desember 2012

Otot Kawat Balung Thok


Anakku loro isih cilik- cilik, lanang lan wadon, sing lanang kelas siji SD, lan sing wadon nembe masuk nol kecil. Bocah loro iku tak sawang lagi penek’an meja lan mlumpat sinambi muni: “power renjes berubah!” banjur polah- polah kaya dene adegan film ing TV. Yo tak jar ke wae, tak sawang sangka kadohan sinambi ngopi lan ngudut. Ah.. Manteb tenan, kopi Lampung udute Surya, rokok gawean Kediri. Produk Jawa lan Sumatra ketemu dadi siji, manunggal ing rasaku sing lagi nyawang anak- anakku. “Berubah!” mangkono maneh suarane anakku kang saknalika bubarna pengangenku. Yo.. Jaman pancen wis “berubah”, kaya dene pambengok’e anakku. Yen biyen isih cilik aku ya sok dolanan gelut- gelutan, ning idolane dudu power renjes, yaiku gatot kaca satriya pringgadani. Yen arep ‘berubah’ mangkene pambengok’e: “Gatot Kaca, Otot Kawat Balung Thok Blobok Tape Kringete Wedang Kopi.. ! Aku ngguyu cilik sakkroning ati, gatot kaca satriya gagah perkasa kok disebut sing ora memper! Lha yen Blobok tape kaya ngapa ujude, apa ya ra nggilani.. Ning yen kringet wedang kopi mestine ya sedep campur kecut.. “Mas.. Mas.. Putrane pundi? Suarane bojoku bubarna nglamunku.. Walah.. Lha ning endi bocah- bocah iku mau? Nuwun sewu para pamaos Njenengan pirsa napa mboten?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar