Rabu, 19 Desember 2012

Nyusuh Kutang Bodhol


Biyen ing Sugihwaras sawijining desa ing kabupaten Magetan, ing omahku ana tikus, rupane ireng, cungure luwih dawa tinimbang tikus liyane, sabane ing turut pawon lan pinggir peceren. Yen mlaku kerep nurut pinggir omah, jarene matane blawur lan mung ngandelake cungure sing dawa iku. Lan sing dadi ciri khas yaiku ambune sing ora enak (yo pancen ora ana tikus sing wangi) lha maksude nganti kucing wae ora doyan, kejabane kucing nggragas Banjur tahun wingi ing Jakarta Selatan, nggone mamasku sing pakaryane ngurus kethek ing Kalimantan, alias konservasi orang utan, dheweke kandha: “Omahku cilik yas, ning yo disawang wae, iki yo omah, yo kantor, perpustakaan, dapur, peturon lan papanku anggen komunikasi karo wong sakjagad! Pesenku yen slirane duwe barang harian sing telung wulan lawase ora kaanggo iku teges barang ora pati kanggo, tinimbang ‘Nyusuh’ luwih becik diwenehke wong liya..” Aku njur kelingan tikus celurut sing hobby Nyusuh, akeh resek ing omahe, malah Nuwun sewu ana “sempak lan kutang bodhol”. Omah sing akeh barang-barang ora kanggo prasasat omah tikus celurut. Ning yo isih lumrah wae tumrap tikus celurut tinimbang tikus- tikus kantor utawa tikus- tikus berdasi sing rapi ning sejatine ora mbejaji. Yen kutang bodhol wis genah ora kanggo, ning yen tikus celurut gadungan alias para koruptor iku Nyusuh hak’e liyan sing saknyata isih kanggo. Ning yo pancen bedane yen celurut gadungan iku ambune wangi. Yo kari piye saiki kucinge, arep nubruk tikus utawa dadi celurut pisan, mangga kersa mawon, mumpung saiki isih kalebu jaman edan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar