Rabu, 19 Desember 2012

Saingan Dukun


Alhamdulillah.. sore iki ono rejeki teko, aku diundang selametan ing lokasi pasar sing nggak adoh songko omah. Lan koyo biasane aku didhapuk ngujubno utowo donga miturut tatacara Jowo. Ono roso bungah, sebab ing ngatasi urip ing perantaun isih ono wong sing kerso nguri- uri budaya. Piranti selametan wis katon pepak, ono tumpeng, ingkung lan liya- liyane.., mulo acara enggal tak wiwiti wis ora nunggu mengko utawa sesuk.. Sukses acara.., banjur shahibul kajat nyedak aku lan nyalami.. + Matur sembah Nuwun mas pandongane.. Mugi sing bales sing Kuoso.. (ature cekak sinambi setengahe mekso masrahno amplop ing tanganku..) Durung sempat tak jawab, shahibul kajat nyambung ucap maneh: + Khusus Njenengan mas, yen belanja ing mriki mawon, wonten kortingan, saestu niki mas.. Ngiras kangge bukti dateng tonggo sebelah mas.. yen kulo niki saestu mboten purun solan salin dukun! Walah.. walah.. niat mung arep murih berkat malah ketambahan pangkat didhapuk dukun! Oalah donya- donya.. lha iki selametan kajate murih slamet opo saingan dukun?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar